Rabu, 11 April 2018

Lamaran Seserahan Bahasa Jawa

Atur Pambuka Panata Cara Pasrah Panampining Lamaran

Atur Pambuka Panata Cara Pasrah Panampining Lamaran
Bismillah hirrohman nirrohim

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bapak Safa’at bin Wiguna sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.

Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.

Nun inggih :
Tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun paniji.
Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bapak Safa’at bin Wiguna ingkang mengku gati. Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).
Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.

Nuwun, nwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

sinau basa jawa koq uangele ....










































Tidak ada komentar:

Posting Komentar